Museum Wayang Kekayon

Museum Wayang Kekayon


     Museum Wayang Kekayon dumunung ing Jalan Raya Yogya - Wonosari km 7 No. 277 Baturetno, Banguntapan, Bantul. Museum kang didegakake dening Prof. DE.dr. KPH. Soejono Prawirohadikusumo taun 1991 iku diresmekake dening K.G.P.A.A. Sri Paku Alam VIII.
     Museum wayang duwe koleksi wayangan lan topeng. Koleksi wayang wiwit sejarah wayang abad 6 nganti abad 20. Wujude wayang ana sing digawe saka kulit, kayu, kain, lan kertas. Koleksine padha karo koleksi Museum Wayang ing Jakarta, yaiku: wayang purwa gagrag Ngayogyakarta, wayang purwa gagrag Surakarta, wayang madya ( crita sawise perang Baratayuda), wayang Klithik, wayang Beber, wayang Gedhog, wayang Bali, wayang Menak, wayang Thengul, wayang Suluh lan liya-liyane. Kejaba wayang, ana uga sandhangan wayang lan reca wayang wong kanthi ukuran samesthine.
(Sumber : Buku Panduan Museum - Museum Daerah Istimewa Yogyakarta)

Komentar

Postingan Populer